Kamis, 26 Oktober 2023

Geguritan Kangen

Nambani Ati Kangen

Nalika Sepi
Pasuryanmu sing bening
Tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
Saya suwe tansaya adoh
Ninggalake sepi
Tan ana sabawa gumrisiking alang alang
Aku mung bisa nyawang
Pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
Nganti datan katon kasaput pedut ...

Selomerto, Sept 2014

UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu ...

lare deles, April 2019

DALAN OMBAK

Wus dak jaluk marang sliramu, tatkalane wektu isih watu
lan dalan kaya ombak segara, nanging penjalukku
kaya prenjak kang katombak swiwine, ilang unine
kaya lemah cengkar kang tawar, ilang sangar

sliramu uga isih lumaku ing gisik kang wus dadi ambalan
ngambali ati ing pangilon, ngambali pitakon
lan penjalukku, kanthi unthuk-unthuk kang sirna
tatkalane surya mencorong pratanda dina wus rina ...

leksono, november 2021

album poto edit snapedit favorit ...





































Geguritan Kangen

Nambani Ati Kangen Nalika Sepi Pasuryanmu sing bening Tumiba ing banyu mili turut pletheking surya Saya suwe tansaya adoh Ninggalake sepi Ta...